Sholawat Badar

- August 01, 2006
Sholawat badar (yang diselipi dengan syi'ir tentang Sifat Wajib Allah, Rukun Islam, Rukun Iman, Fardhlunya Wudhlu dan Sindiran2 lainnya)

Sholatullah Salammullah ‘ala toha rosulillah
Sholatullah Salammullah ‘ala yasiin habiillah


Allah Wujud, Qidam, Baqo’
Mukholafatu, Lil Hawaditsi
Qiyamuhu, Binnafsihi..
Wahdaniyah, Kodrat, Irodat

Ilmu. Hayya, Sama’, Basor
Kalam, Qodiron..
Al Muriddan, Kaliman, Hayyan
Sami’am, Bashiron, Mutakaliman


Eling siro kang sak nyoto
Rukune Islam kang limo
Kang sepisan moco sahadat
Tekatno lan ngucap siro

Kaping pindo iku sholat
Ono ing fardu kang limo
Kaping telu aweh zakat
Lamun siro sugih bondo

Kaping papa iku poso
Ono ing wulan romadhon
Kaping limo ziaroh haji
Aneng Mekah lamun kuoso

Lan malih rukune Iman
Yoiku enem perkoro
Kang sepisan imano siro
Ing Alloh Pangeran kito

Kaping pindho imano siro
Ing malaekate Gusti Alloh
Kaping telu imano siro
Sekehing kitabe Alloh

Kaping papat imano siro
Ing utusane Pangeran kito
Kaping limo imano siro
Dino kiamat mesti ono

Kaping enem imano siro
Ing pepesthening Gusti Alloh
Olo becik iku nyoto
Kersaning Pangeran kito

Lan malih rukune wudlu
Yoiku enem perkoro
Kang sepisan niat kelawan ati
Kaping pindho masuh rai

Kaping telu masuh astane loro
Kaping papat ngusap sirah
Kaping limo masuh sukune loro
Kaping enem iku tertib

Eling-eling siro manungso
Temenono anggonmu bekti
Mumpung during katekanan
Malaekat juru pati

Moloekat juru pati
Lirak lirik marang siro
Nggone nglirik angenteni
Dawuhe kang moho suci

Cilik cilik diwulang ngaji
Besok gede supoyo ngerti
Agomo islam agomo suci
Sop ra ngaji awake rugi

Rugi donya ra dadi opo
Rugi akherat bakal ciloko
Sopo wae ra iso mbelo
Kurang bejo mlebu neroko

Emane yen dadi wong sugih
Golek bondho ra wigah-wigih
Barang haram digowo mulih
Neng akhirat bakal ditagih

Eman ugo yen dadi wong mlarat
Akeh dosa neng ra tobat-tobat
Gaweane mung nunggu zakat
Opo maneh yen ora sholat

Eman maneh yen sugih bondho
Pengin opo wae mesti iso
Neng ra sadar kakehan dosa
Suk yen mati bakal ciloko

Emane yen dadi pedagang
Ngalor ngidul dodolan barang
Golek bathi ra kurang-kurang
Neng sholate do arang-arang

Eman uga yen dadi petani
Mengkat esuk ngarap pari
Wektu luhur dilewati
Sholat ngasar nganti lali

Eman maneh yen dadi bakul
Nggowo barang ngalor ngidul
Golek pangan nggo isi wakul
Neng sholate do podo ucul

Paling eman yen dadipejabat
Gaweane mung rapat-rapat
Omong lamis ngapusi rakyat
Opo maneh do ora sholat